Minggu, 11 September 2016

"KHUTBAH IDUL ADHA BAHASA JAWA TAHUN 1435 H"

الحمد لله الذى جعل يوم عيد الأضحى ضيافة لعباده الصالحين . أشهد أن لآأله إلا الله الذى جعل الجنة ضيافة كبرى للمتقين. و أشهد أن سيدنا محمد عبده ورسوله الداعى لتلك الضيافة جميع العالمين. اللهم صل وسلم وبارك على سيدنا ومولانا محمد وعلى آله وصحابته أجمعين. الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد. أما بعد. فيا أيها الحاضرون اتقوا الله. واعلموا أن الله تبارك وتعالى قد فرض علينا حج بيته الحرام. وجعل الحج لإجتاع السلمين من جميع البلدان للتعارف والنسك المهتمام. ولينتفعوا بهذا الإجتماع فى الإتحاد و تقوية دينهم وإصلاحه لليوم المدوّم.

Poro sederek ingkang sami hadlir, Monggo kito sami ningkataken taqwa kito dhumateng Allah subhanahu wata'ala kanthi miderek sedanten perintah-perintahipun lan nebihi sedanten awisan-awisanipun.

Poro sedherek sedoyo, wonten wulan Dzulhijjah meniko Gusti Allah sampun majibaken dhumateng ummat Islam ingkang sampun mampu supados nglampahi hajji wonten tanah suci Mekkah sepindah selaminipun gesang kangge nyampurnaaken rukun Islam ingkang nomer gangsal. Sedoyo ummat Islam saking pundi-pundi negari sami kempal wonten tanah Arofah ngagem pakaian ingkang sami, inggih meniko pakaian ihrom ingkang pethak, mboten benten antawisipun tiyang miskin, tiyang sugih, tiyang pangkat menopo mboten. Sedanten makempal ngetingalaken syi'ar agami Islam, ngetingalaken persatuan ummat Islam sa' ngalam dunyo. Sami setunggal niat nglampahi ibadah hajji, tunduk lan tadlorru' ndherek dhawuhipun Allah. Dene ingkang dereng mampu supados berusaha sa' saget-sagetipun kanthi ningkataken semangat usaha lan do'a supados enggal dipun timbali tindak dhateng Makkah nglampahi hajji lan umroh, ndherek pikantuk kesempatan angsal gelar hajji mabrur ingkang sanget ageng ganjaranipun. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. :

الحجّ المبرور ليس له جزاء إلا الجنة

Artosipun : " Hajji mabrur iku ora ono piwalese kejobo suwarga "

Poro sedherek sedoyo, akhir-akhir niki kito sering mireng bencana wonten negari kito, wonten gempa Cianjur, tuwin Padang ingkang sanget ageng, tanah longsor, banjir, flu burung, flu babi, kecelakaan pesawat terbang, kapal laut, kereta api lan sanes-sanesipun. Sedanten meniko minongko ujian kangge tiyang ingkang sami taqwa lan azab kangge ingkang sami maksiyat. Kanti cobaan kolo wau saget ketingal sinten ingkang imanipun kiat lan sinten ingkang imanipun lemah/tipis.

Dhawuhipun Gusti Allah wonten Surat Al Baqoroh ayat 155 :

وَلَنَبْلُوَنَّكُمْ بِشَيْءٍ مِنَ الْخَوْفِ وَالْجُوعِ وَنَقْصٍ مِنَ الْأَمْوَالِ وَالْأَنْفُسِ وَالثَّمَرَاتِ وَبَشِّرِ الصَّابِرِينَ

Artosipun wallohu a'lamu bimurodihi :

" Yekti Ingsun (Allah) bakal nyoba temen marang siro kabeh songko roso wedi, luwe, kekurangan soko piro-piro bondho, awak lan woh-wohan. Mongko mbebungaho siro (Muhammad) marang wong-wong kang podho sabar."

Kito saget nyonto kesabaranipun poro Nabi, poro ulama' lan auliya'. Kados kesabaranipun Nabi Ibrahim naliko dipun dhawuhi Gusti Allah supados mragat putranipun Isma'il. Wonten Al Qur'an Surat As Shoffat dipun cariyosaken bilih Nabi Ibrohim ngendiko kalih putranipun :

فَلَمَّا بَلَغَ مَعَهُ السَّعْيَ قَالَ يَا بُنَيَّ إِنِّي أَرَى فِي الْمَنَامِ أَنِّي أَذْبَحُكَ فَانْظُرْ مَاذَا تَرَى قَالَ يَا أَبَتِ افْعَلْ مَا تُؤْمَرُ سَتَجِدُنِي إِنْ شَاءَ اللَّهُ مِنَ الصَّابِرِينَ (102)

Artosipun wallohu a'lam :

"Naliko Ismail wis tekan umur sanggup kanggo nyambut gawe Nabi Ibrohim ngendiko : " He anakku ! sa' temene aku didhawuhi Gusti Allah (liwat ngimpi) supoyo aku nyembeleh seliramu, piye mungguh panemumu?" Ismail matur : " Duh ingkang romo ! Kulo aturi panjenengan nglampahi menopo ingkang dipun dhawuhaken dhumateng panjenengan, insya Allah Panjenengan manggihi kulo kalebet golonganipun tiyang-tiyang ingkang sami sabar. "

فَلَمَّا أَسْلَمَا وَتَلَّهُ لِلْجَبِينِ (103) وَنَادَيْنَاهُ أَنْ يَا إِبْرَاهِيمُ (104) قَدْ صَدَّقْتَ الرُّؤْيَا إِنَّا كَذَلِكَ نَجْزِي الْمُحْسِنِينَ (105) إِنَّ هَذَا لَهُوَ الْبَلَاءُ الْمُبِينُ (106) وَفَدَيْنَاهُ بِذِبْحٍ عَظِيمٍ (107)

Artosipun wallohu a'lam :

"Mongko nalikane Ibrohim lan Ismail podo pasrah lan Ibrohim wis nuro'ake Ismail ono pilingane, Ingsun (Allah) ndangu karo Ibrohim : " He Ibrohim, Seliramu wis bener-bener nglakoni opo sing wis dihawuhke lewat impen". Mengkono iku Ingsun aweh pinwales marang wong-wong kang podo tumindak becik. Sa'temene mengkono iku cobaan kang nyoto. Lan Ingsun (Allah) gawe tebusan (minongko gantine Ismail) hewan sembelehan kang gedhe".

Awit kesetiaan soho keikhlasan Nabi Ibrohim lan Nabi Ismail, Gusti Allah ngijoli Ismail digantos mendo gibas ingkang ageng saking suwargo kangge korban.

الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد.

Poro sederek sedoyo, monggo kito mendet hikmah critonipun Nabi Ibrohim lan Ismail. Kito saget instropeksi diri dateng awak kito. Kinten-kinten dumugi ngantos pundi kesediaan kito berkorban dhumateng Allah subhanahu wata'ala. Selajengipun kangge mengeti menopo ingkang sampun dipun lampahi Nabi Ibrohim as.lan Nabi Ismail as., kito dipun sunnahaken mragat hewan saget rupi mendo utawi lembu wonten sa' ba'danipun nglampahi sholat 'iedul adlha tanggal 10 Dzulhijjah soho wonten dinten tasyriq ngantos tanggal 13 Dzulhijjah. Dhawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. :

ألا إن الأضحية من الأعمال المنجية تنجى صاحبها من شرّ الدّنيا والآخرة

Artosipun kirang langkung :

" Elingo, sa'temene mragat hewan korban kuwi setengah songko piro-piro amal kang biso nylametake, nyelametake wong kang nglakoni songko olone dunyo lan akherat."

Ningali dhawuh meniko monggo kito sami mragat hewan kurban, langkung-langkung ingkang anggadahi rizqi kathah, sebab hean ingkang kito korbanaken mangke dados tunggangan kito, dados kendaraan kito wonten akherat, wonten wot shirothol mustaqim, kados dhawuhipun Kanjeng Nabi :

عظموا ضحاياكم فإنها على الصرط مطاياكم

" Podo nggedhe'no hewan korban iro kabeh kerono sa'temene hewan kurban mau bakal dadi kendaraan iro kabeh naliko lewat wot shiroth (al mustaqim)"

Poro sederek sedoyo, hewah kurban ingkang saget dipun damel kangge korban meniko kedah rupi unto utawi mendo utawi lembu ingkang sampun powel, ingkang sehat, mboten kuru sanget, ingkang mboten cacat, mboten pincang, mboten kero, mboten penyakiten lan sanes-sanesipun. Mestinipun ingkang paling sae sebab kangge kendaraan kito piyambak wonten akherat.

Sederek sedoyo ingkang dipun mulyaaken Allah. Amal lintunipun ingkang dipun sunnahaken wonten 'idul adha inggih meniko mahos takbiran. Takbiran meniko takbir muqoyyad, maksudipun namung dipun lampahi sa' ba'donipun sholat fardlu kemawon, wekdalipun milahi ba'do Shubuhipun dinten 'Arofah utawi tanggal 9 Dzulhijjah ngantos 'asharipun akhir dinten tasyriq tanggal 13 Dzulhijjah, dene malem 'iedul Adha milahi Maghrib ngantos minggahipun khotib dateng mimbar wekdalipun bebas sedalu ngantos enjing kados ingkang sampun kalampahaken.

. الله اكبر الله اكبر الله اكبر ولله الحمد.

جعلنا الله وإياكم من الحجاج المبرورين ومن المضحّين المخلصين وأدخلنا و إياكم فى زمرة عباده الفائزين المتقين المجا هدين.

بسم الله الرحمن الرحيم

إِنَّا أَعْطَيْنَاكَ الْكَوْثَرَ (1) فَصَلِّ لِرَبِّكَ وَانْحَرْ (2) إِنَّ شَانِئَكَ هُوَ الْأَبْتَرُ (3)

وقل رب اغفر وارحم وأنت خير الرا حمين

Tidak ada komentar:

Posting Komentar